Pengunjung

Sabtu, 19 Oktober 2013

* CERKAK KADHO SAKA GUSTI *

Ing tengahe wengi, langite padhang saha rembulan lan lintang sinare tansah nentremake ati ipun Wita. Rasa pasrah gumantining nasib ketanem ing jroning ati, saben wengi lan mangkat sekolah Wita nulis pangarepan dumateng Gusti Allah, amergi kedadehan ingkan nemahi awakipun kepingin numpak motor wondene kaya konco-konco ananging wanci nyobak mboten matur kalian Bapak lan Ibu kedadosane awan peteng,langit mendhung saha gludhug nekaaken udan saya deres sanget, dumadahan trek ingkang ngemot blabag papangan karo Wita.

Kirang ngati-ati tudhone Wita diparingi musibah, lengen disemen lan sikil diamputasi. Rumangsaning ati, kanca-kanca sing maune raket mbaka setunggal padha ngadohi Wita, mboten purun srawung kalian tiyang cacad. Nanging Bapak,Ibu lan Mas Doni tansah maringi semangat, rasa welas asih dening Wita supados saged diparingi kasabaran. ana ing perjalanan menyang sekolah Wita banjur ngetoake kertas lan nulis,

“…Dhuh Gusti, kula pengin ngadhah sikil palsu supados mboten ngrepotake Bappak,Ibu lan mas Doni ingkang saben enjang kedah ngeteraken kula dheteng sekolah…” .

Mpun mancik telung sasi, Wita melbet sekolah,nanging dinten sabtu niki benten, mas Doni mboten muruki kangge ngeterake sekolah. Nyataipun mas Doni nyuwunake dateng pak Kepala Sekolah yen tumpraping sikil Wita ajenge diukur sikil palsu. Mboten dinyono sing numbasake lan ingkang mbiyayai rumah sakit sakmenika Retno Sriningsih rencang sekelas Wita, Retno kagugah ati ipun sak wancine tinemu kertas ingkang panyuwun sikil palsu. Sesasi punjul seminggu sak wancine diukur sikil palsu lagi teko, pengarepan Wita dikabulake marang Gusti Allah lajeng saged mlampah malih.

Tema: Gegayuhan andueni sikil palsu

Amanat:

#Supados tansah ileng marang Gusti ing kahanan napa kemawon.

#Tansah ngati-ati menawi nyambut damel.

#Tanamake panyono ingkang sae mring sedayaning manungsa.

#Sabar lan ikhlas menawi gadha perkawis ingkang ewet.

#Menawi mbiyantu sederek, mboten usah milih-milih.

#Niat kanthi do’a lan usaha tumekane bakal methik hasil ipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar