Mung ing raga ira
Dak simpen pangalihku
Wedi, sesak, lan bingung arep ngapa?
Ngwerdi sadayaning rasa wuyung
Jiwa siji kapecah
Remuk sanalika wruh kahanan kui
Mlathi-mlathi ing selip pepinggiran netra ira
Ateges nguatake pamikiran
Dak ngarteni…
Dak sabari…
Lan dak enteni…
Mangartosi ko tansah lara
Hawat2 lila malah rumangsa kapeksa
Njur kepriye bubukaning rasa?
Kang...!!
Nyuwun pangapura ingkang katah
Sejatining ati iki ewet ngentosi
Nadyan ta ira bakal murka, ra dadi ngapa
Menawi kahanan iki mung dadi pacoban q
Duuuh… Gusti..
Kula sadar, ngrumangsa..
Angen blaka nalika sanding
Nanging rasapunika boten saget dipun pegat
Kanthi ridhaning Gusti
Mugi sathithik tur kabuka blak
Ira bakal nyusun reremuk
Nyimpen pangalih ing raga ira
Kerana Gusti boten sare,
Gusti Maha Welas Asih mring sadayaning umat
Mangartosi ing mriki pangalihku ngentosi
_

Tidak ada komentar:
Posting Komentar