Upacara tradhisi kraton kang wis lawas kasilep, bareng diuripake maneh tetela uga narik. Nalika diadakake upacara lurung sesaji ing Bengawan Solo, sing padha nonton nganthi uyel-uyelan. Upacara arupa ketupat, gedhang ayu, suru ayu lan jajanan pasar diadakake minangka ing puncak acara pandak Syawalan ing Taman Satwa Taru Juruk, sebelah wetan UNS.
Tradhisi menika diadaake asipat event tradhisional tingkat nasional . ing puncak acara wonten pecan Syawalan gawe mantoake “gajah keramat” Kyai Anggara karo gajah lulusan sekolah kuwi gajah Waykambas Lampung.
Pramila budaya kupat kuwi saktemene wis ana wiwit jaman biyen seminggu sakwise Idul Fitri (badha) dianakake slametan kupatan (megengan ing aran basa jawa) marang wong tua, para sesepuh, tetangga lan kaluarga. Menika minangka syukuran dene wis keparingan rahmat ing wulan Suci Ramadhan. Ananging ing jawa diwontenaken upacara-upacara ingkang ngandung mkna filosofis saking upacara menik, upacara larung sesaji menika saking budaya kraton, ora mung rame-rame nanging nelaake rasa syukur mring Gusti Allah Kang Maha Agung.
“Kupat” mangku makna Menawi "kula lepat,nyuwun pangapura". Upacara menika ngentiraken sesaji ing bengawan Sala, menawi sesaji ampun kelem menika pratanda yen kabeh panyuwun bakal dikabulaken.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar